Sira Gadjah Mada paptih amangkubumi tan ayun amukti palapa, sira Gadjah Mada: Lamun huwus kalah nusantara ingsun amukti palapa, lamun kalah ring Gurun, ring Seram, Tanjungpura, ring Haru, ring, Pahang, Dompu, Ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana ingsun amukti palapa.”


Mulo
hing keneng ditinggyalaken kang aran sejarah ring pengilingyan ison lan riko kabyeh. paran maning kang ono sangkute ambi sembyah buyute wong osing.masio tah jyamane wes berubah di terak ambi kemajuan jyaman,koyo sandal pedhot diterak banyu kang belabor....ayo kabyeh podo majau tapi ojok sampek kedhapen nyang kang aran kemajuan jyaman lan lalai nyang sejarahe dewek.masio sejarah kang seneng lan sejarah kang ngenes koyok sejarahe puputan bayu........
mulo konco-konco lare/wong osing iki jarang kang ngerti jatidhiri/sejarahe dewek....
ring oret-oretan ikay, masio tah sumbere teko ring endi-endi byain...mugo-mugo keneng di gyawe pengiling-iling lan ono manpaatek..


Rofiklaros/Ki kuda kedhapan


Arsip Blog

Mantra Sabuk Mangir


Bismillahir rahmanir rahim
Niat isun matek aji Sabuk Mangir
Lungguh isun lungguhe Nabi Adam
Hang sapa ningali lungguh isun iki
Ya isun iki lungguhe Nabi Adam
Badan isun badane Nabi Muhammad
Hang sapa ningali lungguh isun iki
Ya isun iki badane Nabi Muhammad
Cahyanisun cahyane Nabi Yusuf
Hang sapa ningali cahyanisun iki
Ya isun iki cahyane Nabi Yusuf
Suaranisun suarane Nabi Daud
Hang sapa krungu suaran isun iki
Ya isun iki suarane Nabi Daud
Teka welas teka asih jebeng bayine...........
Asiha marang jabang bayinisun ………..
Sih asih kersane Gusti Allah
La ilaha illallah Muhammadur rasulullah


Mantra Sabuk Mangir

Bismillahir rahmanir rahim
Niat isun matek aji Sabuk Mangir
Isun nyalami sedulur papat lima badan
Isun njaluk tulung sira
Isun kongkon mlebu atine hang sun tuju
Katon turu sira tangekna
Katon tangi sira lungguhna
Katon lungguh sira degna
Katon ngadeg sira lakokna
Katon  mlaku sira playokna
Aja sampek mandheg
Kadhung durung turu bantal tangan isun
Teka welas teka asih jebeng bayine...........
Asiha marang jabang bayinisun …………..
Sih asih kersane Gusti Allah

La ilaaha illallah Muhammadur Rasulullah

Tulyak sowok,tenung,sihir

Tulyak sowok,tenung akeh maceme .ono kang nganggo ayat2 Alquran / kang umum….. biasane doane ono kangsung dikabulaken ona kang ketundo .saiki acake di coba nganggo montro versi osing.mudah2n ditrimo ambi kang KUOSO.
Dung jyare embyah,motro osing iku tulyake ye ngango montro using pisan heng keneng sembarangan koyo dene A lawane A, B lawane B……..

Kadhung riko percoyo, ye enggonen kang temenen /ojo setengah2.tapi kadung mageh ngambang anguryan ojo di enggo…….Montrone iki Cuma di rapal byaen heng kathik puoso lan pati genay….ngerapale terserah riko ,lebih akeh ye lebih apik….[dung biso pas arep turaw}…..

Montrone…..

“SANAK PAPAT LIMO BADAN ENEM ROSUL PITU SUKMO ,,LAILAAHAILLALLOH MUHAMMADARROSOOLULLOH.

“DULUR INGSUN KANG TUWEK,DULUR INGSUN KANG ENOM,JIBRIL ONO NGAREP,MIKAIL ONO MBURI ,ISROFIL ONO TENGEN, IJRO’IL ONO KIWO, SAKPENDUWURE IROMO SAKPENGISORE GEDEBIL PINAYUNGAN GUSTI ALLOH KANG PINDONE ROSULULLOH”.

LAAILAHAILLALOH MUHAMMADARROSUULULLOH

Jopo montro sunan kalijogo

Kidung Rumeksa Ing Wengi
----------------------------

Ana kidung rumekso ing wengi
Teguh hayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
niwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirno
Sakehing lara pan samya bali
Sakeh ngama pan sami mirunda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning
Wong lemah miring
Myang pakiponing merak
Pagupakaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Lan sagung pra rasul
Pinayungan ing Hyang Suksma
Ati Adam utekku baginda Esis
Pangucapku ya Musa
Napasku nabi Ngisa linuwih
Nabi Yakup pamiryarsaningwang
Dawud suwaraku mangke
Nabi brahim nyawaku
Nabi Sleman kasekten mami
Nabi Yusuf rupeng wang
Edris ing rambutku
Baginda Ngali kuliting wang
Abubakar getih daging Ngumar singgih
Balung baginda ngusman
Sumsumingsun Patimah linuwih
Siti aminah bayuning angga
Ayup ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantung
Nabi Yunus ing otot mami
Netraku ya Muhamad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa
Sampun pepak sakathahe para nabi
Dadya sarira tunggal



Ada kidung rumekso ing wengi. Yang menjadikan kuat selamat terbebas
dari semua penyakit. Terbebas dari segala petaka. Jin dan setanpun
tidak mau. Segala jenis sihir tidak berani. Apalagi perbuatan jahat.
guna-guna tersingkir. Api menjadi air. Pencuripun menjauh dariku.
Segala bahaya akan lenyap.
Semua penyakit pulang ketempat asalnya. Semua hama menyingkir dengan pandangan kasih. Semua senjata tidak mengena. Bagaikan kapuk jatuh dibesi. Segenap racun menjadi tawar. Binatang buas menjadi jinak. Pohon ajaib, tanah angker, lubang landak, gua orang, tanah miring dan sarang merak.
Kandangnya semua badak. Meski batu dan laut mengering. Pada akhirnya semua slamat. Sebab badannya selamat dikelilingi oleh bidadari, yang dijaga oleh malaikat, dan semua rasul dalam lindungan Tuhan. Hatiku Adam dan otakku nabi Sis. Ucapanku adalah nabi Musa.
Nafasku nabi Isa yang teramat mulia. Nabi Yakup pendenganranku. Nabi Daud menjadi suaraku. Nabi Ibrahim sebagai nyawaku. Nabi sulaiman
menjadi kesaktianku. Nabi Yusuf menjadi rupaku. Nabi Idris menjadi
rupaku. Ali sebagai kulitku. Abubakar darahku dan Umar dagingku.
Sedangkan Usman sebagai tulangku.
Sumsumku adalah Fatimah yang amat mulia. Siti fatimah sebagai
kekuatan badanku. Nanti nabi Ayub ada didalam ususku. Nabi Nuh
didalam jantungku. Nabi Yunus didalam otakku. Mataku ialah Nabi
Muhamad. Air mukaku rasul dalam lindungan Adam dan Hawa. Maka
lengkaplah semua rasul, yang menjadi satu badan.